Kamis, 12 Agustus 2010

SELAPANAN (dalam bahasa jawa)

Sepasaran wenehi tanda utawa jeneng tumrape bayi sing lagi lair dianakake bancaan supaya bayi kang dibancakki kalis saka sak kabehing lelara lan goda rencana.
Tegese selapan 35 dina sakwise bayi lair ing dina Rebo Pon kasebut dianakkake bancaan utawa syukuran amarga laire Rebo Pon.
Wektu selapanan biasane bayi kasebut dicukur utawa digundul rambute supaya thukulane rambut apik. Kuku bayi kasebut uga di kethoki. Rambut lan kuku iku kaklumpukake dadi siji ing coplokane puser, taine kalong lan kembang telon, mula kudu dirawati, mbokmenawa bocah iku mau  besuk yen wes gedhe demen marang kadigdayan, aji joyo kawijayan, ora tedhas marang tapak palu pande, siseneng gurendo. Coplokan puser lan liyane mau kang di dadekake siji supaya dipangan besuk yen wes gedhe kanggo tulak bala, lan supaya ora kena guna-guna.
Tatacara koyo mangkono iku ora mung tumeko selapanan, isih ana lanjutane. Dadi wiwit sepasaran wujude syukuran utawa bancaan diwujudake kanggo wong tuwa jenenge kondangan, lan kanggo anak-anak jenenge bancaan. Perkara loro mau duwe ancas nyuwun keselametan. Bancaan iku mau ana rena-rena panganane, yaiku sega tumpeng lan sayur-sayurane, jenang abang putih, jajanan pasar, endog pitik sing wus di godhog lan sesajen intuk-intuk, yaiku tumpeng cilik kang di wungkus godhong gedhang ing pucuke dituncepi brambang lan lombok abang.
Sepasaran lan Selapanan bancaane gedhe + cilik sak banjure umume bancaan cah cilik nganti kurang luwih bayi umur setaun. Wujude bancaan mau sega gudhangan diwenehi endhog kangujubake para pini sepuh.
Sakwise bayi utawa bocah ngancik umur setaun, mulai di-ulang tauni saben taun. Ing dijupuk tanggal lairre bocah.

7 komentar:

  1. Akhirnya tugas saya selesai =,=
    gomawo...^^

    BalasHapus
  2. ok.....
    sama2...
    you're welcome..
    cheonmaneyo....

    BalasHapus
  3. wis rampung tugase...,
    mkasih ya...

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya, makasih sudah berkunjung kakak,
      diharapkan lagi kedatangannya :D

      Hapus
    2. tugs bahasa jawa selesai tamat

      Hapus
  4. ini gk ada tahap"nya, larangan, sm apa yang diperlukan ya??
    soalnya aku butuh bangett

    BalasHapus
    Balasan
    1. sebelumnya makasih buat feedback nya kakak
      segera diperbaiki :D

      Hapus

give me comment.. :3